Kamis, 10 September 2009

cerkak

KETEMU JODHO
Lutfianto,SS*

“ Nengendi aku iki?”
“Syukur, Panjenengan sampun eling”. Perawat iku nyoba nyedak lan ngerih-erih.
“ Asytaghfirullah. Aku neng rumah sakit”. Aku nyoba tangi nanging rasane abot banget. Gek awak pegel kabeh.
“ Sing sareh wae mbak. Njenengan kedah istirahat”.
Sawetara iku ing Bunderan UGM .
“Kanca-kanca awake dhewe tetep kudu mudhun, masyirah (aksi ) iki kudu ditindakake. Udan ora dadi alangan”.
“ Kapitalismeeeeeee”
“ Hancurkan”
“Sekulerismeeeeeee”
“ Hancurkan”
“ Syariah Islam”
“ Tegakkan”
“Allaaaaaahhuakbar”
“ Allaaahhuakbar”
“ Para pangreh pangembating praja cagaking negari ingkang pantes sinudarsana, kula sakkanca saking Gerakan Mahasiswa Pembebasan nindakake masyirah/ aksi damai nolak rencana kenaikan BBM. Iki negri dagelan, lucu, bumi kita sugih nanging rakyat cilik padha ngelih, malah para kapitalis njaban rangkah diujarake njarah rayah…..”
Dina candhake ing masjid kampus UGM.
“Zidny, nengendi Faiqah. Ngapa dheweke durung ketok. Biasane halaqahe ontime. Malah sikik dheweke ketimbang Aku”. Imarofah nyoba mbukak gunem.
“ Masyirah/ aksi wingi ya ra ketok, hpne mati maneh. Wis bola bali tak bel”.
“ Wis diwiwiti wae halaqahe esuk ini?”.
Sawetra iku ing griya sakit PKU.
(aww. Bapak. Dinten Selasa niki ngendikane badhe kondur saking dinas Jakarta. Dilegakne mampir PKU tilik Faiqah, nggih?wass). Faiqah nge-sem-es.
“ Suster, sinten ingkang beta kula mriki?”. Aku nyoba mbenahi sprei lan ngranggeh tangane suster
“ Kangmasmu ingkang mbeta mriki. Mangke bakda dhuhur badhe mriki. Kuliyah rumiyin, ngendikanipun”.
Aku ngowoh. Kangmasku ? kangmasku sing endi ?. Loro-lorone lagi tugas belajar neng luar negeri. Ora mungkin.
(Bersyukur kepada Allah, setiap nafasmu, seluruh hidupmu …..)
“ Ass. Waalaikum salam”.
“ Sayang, kowe kena apa, Faiqah ?. Pesawat lagi tekan Adisutjipta. Enteni sedhela Aku tak langsung neng PKU.
“ Nggih Pak, Faiqah tengga”?. Ora krasa mripatku kembeng-kembeng teles.
Bakda sholat dhuhur.
“Mbak Faiqah, kangmas panjenengan rawuh nika ”. Perawat iku ngirim jatah maem awan banjur metu maneh.
“ Ass.......Syukur, kahananmu mundhak saya apik. Lho ngapa kok nangis. Luwih becik aku tak metu wae”. Aku menyat metu, aku trenyuh ndeleng cah wadon nangis.
“ Maaas tengga riyin!”. Aku kaget, lan bali maneh.
“Matur nuwun nggih? Panjenengan sampun maringi pambiyantu dhateng kula. Pripun masyirah/ aksi kanca-kanca Jumat wingi. Sae?. Faiqah nerusake pitakonan. Sakdurunge tak jawab dumadakan.
“ Ass.....Faiqah? kowe ora apa-apa to?”.
“ Bapaak. Faiqah ora apa-apa. Mung lecet-lecet sithik. Ngendikane dhokter sesuk sore wis entuk bali.
Bapak-anak kuwi ngesok rasa kangen, trenyuh. Aku metu, tumuju masjid Asy-syifa nindakake sholat asar.
Bakda sholat asar.
“Lho, kadose sampeyan ingkang wonten bangsal lare kula wau?
“ Leres Pak”. Aku gage diajak nuju bangsal papane Faiqah dirawat”
“ Nyuwun pangapunten nggih, anakku nggoleki sampeyan”.
Tekan bangsal.
“ Bapak, lha iki sing tak critake mbiyen ?”.
“Nyuwun donga pangestu nggih, kula badhe nyampurnakaken gesang kula kaliyan piyambakipun”. Faiqah nambahi.
“Kowe wis suwe padha pacaran ya?”.
“Pacaran! Ehm Bapak, mosok ora ngerti karo Faiqah. Ora entuk pacaran neng agama Islam, sesuk pacarane sakbubare nikah. Pokoke wis cocok lah, Pak”
“Aku kelingan, setahun kepungkur. Rikala tengah wengi, satengahe aku sholat tahajud. Aku krungu kowe nglindur, nyebut jenenge Lutfi ”.
“Aaaah, Bapak niki, aku dadi isin lho?”. Pipine Faiqah dadi abang kaya tomat. Aku dhewe mung mesem nggatekake bapak-anak kuwi.
*Guru (Bahasa Jawa) SMA Negeri 1 Pajangan Bantul.
Tinggal di Kasihan Tamantirto Kasihan Bantul Yogyakarta

1 komentar: