Sabtu, 05 September 2009

cerkak

Ayam Goreng Turahan
*Lutfianto.S.S.

“Ayo kanca-kanca, mampir warung kene dhisik aku durung sarapan jare” ngono kandhane Yusa kětua rombongan sub-unit KKN-ku. Dina iku aku karo kanca-kanca pada survei lokasi.
“ Kula, gado-gado wae bu, dadine ayame pitu ?”, Yubra nyusul aba beda.
Sinambi ngěnteni pěsěnan, aku sakanca banjur golek papan palungguhan sing rada kiwa lan cukup kanggo bocah wolu.
“ Nah, kene wae, sěnajan mung lesehan malah kěpenak sinambi diskusi”. Yusa langsung ndlosor ngono wae.
Sauntara swasana rada sidhěm, kagawa hawa sing pancen adhěm, kěkěs rasane. Bedha adoh karo kampus, apa maneh Prapatan Mirota Kampus UGM. Dalan-dalan isih rada sěpi, mung truk-truk kang sliwěran ngangkut watu apadene pasir saka Kali Gendhol..
Saka kadohan Gunung Merapi katon kětingal ngawe-awe, sajak manggakke yen arep katěkan bocah-bocah saka UGM sing arěp KKN. Pědhut sing maune nutupi, dadi sumilak padang kasaput angin těkaku sarombongan. Aku mběněrkě anggonku nganggo jaket, saya tak rapětake. Kěthu sing maune ana tas wus ana ing sirahku.
“ Aděm, Fi “. Aku mung manthuk. Angin sumilir nggawa freon-freon alami saya nambahi kěkěsing awakku. Wit-wit pinus padha ngaděg anjějěr, goyang mrana goyang mrene sajak nggoda atiku.
“Siwi, kowe ra aba wedang pa?” Ira takon marang Siwi.
“ Oh, iya Wi sori saiki dina Senin ya? Edaan těnan kok ra ngomong kawit mau ya, ngěrtiya rak ora mampir?”. Yusa sajak ora kěpěnak ngěrteni kahanane Siwi.
Bubar survei, jam tělu tak anggo turu aměrga kěsěl. Sore, jam lima wis adus rěsik, sinambi maca-maca buku pembekalan KKN, ora keri ngrungoake pěngajiane Pak Barun saka Radio Persatuan Bantul.
“Fi, antuk paketan nasi bungkus saka mbuh kae mau, jare saka kancamu. Kanggo buka”.
“Yoh matur nuwun. Selehna kono wae měngko tak nggone buka.”. Sapa maneh iki, ngirim takjilan barang, jane ya rung sasi pasa. Ora sranta banjur tak bukak bungkusan kuwi, lha dalah asytaghfirullah. Barang turahan diwenehke aku. Sakala, dadi abang praenanku. Yen ora ngelingi pasa wis tak abur-abur kiriman iki. Lagi sěpisan iki aku antuk kiriman barang kaya mangkene. Pancen tak akoni sing jěněngane anak kos, sědina mangan sěpisan kuwi wus biasa. Apa maneh yen mung pasa Senen-Kemis, kuwi wus lumrah.
Bungkusan tak bukak maneh, iya běněr iki gěnah barang turahan. Atiku saya nggrantěs, tak trimak-trimakake. Ya, kaya mangkene iki nasipe wong kěsrakat (batinku). Aku kelingan ngomah, kaya ngapa rasane rama ibu yen měruhi kahananku. Kiriman wesel saben wulan mung cukup kanggo setengah wulan. Tujune, ana rejeki liya melu nutupi butuhku. Mbuh kuwi saka mulang TPA, apa menehi privat putrane bu RT.
“Anton, wis mbok icipi apa iki mau”. Aku takon sajak durung ilang rasa muringku. Anton apa dene aku padha wae, bapake ya mung pegawe negri golongan cilik lan wus pensiun maneh. Cumpen, amarga bayare wae kudhu dibagi karo adi-adine. Mulane aku karo deweke trima manggon ana masjid, dadi ora nganggo bayar kos-kosan barang.
“ Durung Fi, aku dhurung ngowah-owahi, serius?”. Anton mbalěs sajak kaya ora dipěrcaya.
Sěga banjur takselehake lěmari makan, aku ra sida mangan mung ngombe teh angět kanggo mbatalake pasa, langsung gage bablas měnyang masjid. Wěktu magrib nganti isak tak ěntekake kanggo nděrěs Qur’an. Bubar isyak aku lagi bali. Sadurunge maěm ngungak Hp duweke masjid sing dititipake aku, mbokměnawa ana sms mlěbu., těnan “Slamat berbuka puasa tmn baruku, sy nggak menyangka msh ada orang yg se’alim engkau. Smoga ini awal yg baik buat qt & smoga ttp smangat&konsisten memegang izzatul Islam, yg slama ini msh brt buat sy, wass “( Yubra). Yubra, bocah saka Jakarta nge sem es.
Aku kelingan kědadean mau awan, lho kok mung barang turahan. Niat ora Yubra anggone menehi iki? Gek sisane iki nengěndi ?. Aku mung bisa dhělěg-dhělěg ngampět kahanan. Karěpe kěpriye kancaku siji iki?.
“Aja kgt sobat, tak kr njěněngan wis ngěrti. Yen sing sěparo lg di maěm…..he he he. Slamat berbuka puasa ya?smoga besuk berlanjut d saat qt KKN, km smua d sni mndukung kalian”( Nanum). Sadurunge arěp takon jěbul mbak Nanum, nambahi nge-sem-es.
*Guru GTT (Bahasa Jawa) SMA Negeri 1 Kasihan Bantul.
Tinggal di Kasihan Tamantirto Kasihan Bantul Yogyakarta (08122964680)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar