Sabtu, 05 September 2009

budaya jawa

Busana Penganten Gagrag Ngayogyakarta Lan Surakarta*
(diaturaken sarana sesorah)

Mugi kawilujengan, kabagaswarasan, saha karahayon tansah kajiwa kasarira dening kula tuwin Panjenengan sedaya. Para sesepuh, para pinispuh, saha para pepundhen ingkang dahat kinabekten, saha para tamu kakung miwah putri ingkang kinurmatan. Langkung rumiyin mangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan ingkang tanpa pepindhan, saengga kula tuwin Panjenengan sadaya saged pepanggihan wonten ing sasana menika kanthi widada nir ing sambekala.
Bapak-bapak, ibu-ibu, saha para rawuh ingkang minulya, wonten ing pepanggihan menika kula badhe ngandharaken busana penganten gagrag Nyayogyakarta lan gagrag Surakarta. Busana tuwin simbol-simbol ingkang wonten ing busana menika saged kangge titikan kabudayaning bangsa. Makaten ugi tumraping tiyang Jawi. Wonten reroncen tembung ingkang ungelipun ” ajining dhiri saka lathi, ajining raga saka busana, ajining awak saka tumindak”. Menika mracihnani bilih busana tumraping tiyang Jawi kalebet nemtokaken satunggaling pawongan menika dipunaosi menapa boten. Wekdal samangke busana penganten adat tradisional taksih dipunlestantunaken, jalaran kayektosanipun sanajan jamanipun sampun majeng sanget, nanging menawi ngawontenaken pawiwahan palakrama, tiyang Jawi taksih kathah ingkang remen ngginakaken busana adat tradisional Jawi. Sarehdene penganten menika asring sinebat Raja sa-ari, pramila busananipun inggih niru utawi ngemba busananing raja.
Kajawi menika, mila keblating kabudayan Jawi menika inggih kraton. Saderengipun jaman kamardikan, upacara dhauping panganten menapa dene busananipun kajumbuhaken kaliyan drajat tuwin pangkat. Jaman rumiyin ingkang ngagem busana kados ingkang dipunagem ing kraton, inggih namung kulawarga utawi sentananing raja. Samenika jamanipun sampun ewah-gingsir, busana penganten kraton sampun dados darbekipun masyarakat. Sinten kemawon ingkang badhe krama, badhe milih ageman corak menapa kemawon sampun mboten wonten pambenganipun.
Bapak-bapak, ibu-ibu, saha para tamu ingkang tansah amemayu pepoyaning kautamen, perlu kawuningan bilih busana penganten gagrag Ngayogyakarta menika sakawit wonten gangsal. Awit saking kathahipun panyuwunan saking masyarakat, mliginipun ingkang ngrasuk agami Islam, kraton Ngayogyakarta netepaken busana Paes Ageng Kanigaran, minangka busana resmi gagrag Ngayogyakarta. Kanthi mekaten busana penganten Ngayogyakarta menika wonten enem inggih menika:
Busana penganten Paes Ageng
Busana penganten Paes Ageng Jangan Menir
Busana penganten Yogya Putri
Busana penganten Kesatriyan Ageng
Busana penganten Kasatriyan
Busana penganten Paes Ageng Kanigaran
Bapak-bapak, ibu-ibu, saha para rawuh ingkang minulya, busana Paes Ageng Kanigaran menika, corakipun sami kaliyan Busana Paes Ageng nanging dipunagemi rasukan, kulukipun ngagem Kuluk Kanigara mboten ngagem Kuluk Matak. Busana Kanigaran menika prayogi sanget tumrapipun ingkang sami kepingin ngagem busana Paes Ageng, sarta boten perlu ajrih winastan boten nutup aurat jalaran sampun ngagem rasukan.
Dene busana gagrag Surakarta wonten werni sekawan, inggih menika:
Busana Penganten Paes Ageng/ basahan
Raja Keputren
Kasatriyan
Mangkunegaran
Kagem busana Paes Ageng, Jangan Menir, lan Kanigaran mboten ngagem rasukan/ kain lumrah nanging ngginakaken dodot, inggih menika kain batik ingkang wiyaripun kirang langkung 8 meter (7 kacu).
Ingkang pungkasan, sumangga sakboten-boten asiling kabudayan menika dipun sinau, langkung-langkung werdinipun utawi simbol-simbol ingkang wonten ing busana menika.
Para tamu ingkang pantes sinudarsana, kados cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Wonten kiranging subasita, saha kirang tumata pangrakiting basa, saestu kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Matur nuwun.
*kapethik saka yogya basa jilid III
Negesi tembung
Busana : sandhangan, panganggo, ageman
Gagrag : corak, cara, model
Sesepuh : tiyang ingkang mila sampun sepuh, sampun kathah yuswanipun
Pinisepuh : tiyang ingkang gadhah kalenggahan sanajan taksih enem
Pepundhen : tiyang ingkang dipunaosi utawi dipunurmati
Sasana : papan, panggenan
Dhaup : dadi manten, wis sesomahan
Sentana : sanak sedulure priyayi gedhe/ pakuburan
Pambengan : alangan
Darbe : duwe/ gadhah
Mligi : ngemungake, ora ana liya kejaba mung,
Widada : wilujeng, slamet
Nir : kalis, tebih saking
Sambekala : reribed, rubeda
Sinudarsana : ditiru, dituladha, diconto
Kuluk : makutha, panuggul, kethu agemane para priyayi yen pinuju pasowanan Kuluk kanigaran: makuthaning raja warninipun cemeng dipunplisir jene/ mas
Kuluk matak : makutha ingkang warni biru laut agemanipun raja putra ingkang badhe nggentosi jumeneng nata

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar